Acts 7:45 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para mbah-mbahané awaké déwé sing nampa tarup prejanjian iki sangka wong tuwané. Tarup mau digawa sak suwéné para mbah-mbahané awaké déwé dituntun karo Yosua mlebu negara iki. Negara iki karebut sangka bangsa-bangsa sing diusir karo Gusti Allah nang sak ngarepé para mbah-mbahané awaké déwé. Tarup mau kasimpen nganti tekan jamané ratu Daved.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tarup kuwi ditampa karo leluhur kita lan terus digawa mlebu ing negara iki sing ketuntun karo Yosua, ya kuwi nalika negara iki direbut sangka bangsa-bangsa liya, sing ditundung karo Gusti Allah sangka ngarepé leluhur kita; mengkono nganti tekan jamané Daved.