Acts 7:55 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging Stéfanus kebek karo Roh Sutyi. Dèkné nyawang nang langit weruh kamulyané Gusti Allah lan uga weruh Gusti Yésus ngadek nang tengené.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Stéfanus kebak karo Roh Sutyi, ndangak menyang langit, terus weruh kamulyané Gusti Allah lan Yésus ngadek ing tengené Gusti Allah.