Acts 8:27 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tumuli ana wong Etiopia, sawijining priyagung panjaga kaputren, kapala juru gedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagara Etiopia, kang tindak menyang Yerusalem prelu nindakake pangibadah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Filipus tata-tata terus budal. Ndilalahé terus kepetuk wong Etiopi, sing jaga palès lan ngurus bandané ratu Kandaké nang negara Etiopi. Wong iki entas sangka nyembah Gusti Allah nang Yérusalèm lan saiki balik mulih.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Filipus ngadek, terus lunga. Ana penggedé Etiopia, pemimpin, lan juru nata banda Kandaké, ratu negara Etiopia, sing lunga menyang Yérusalèm perlu ngabekti.