Acts 9:2 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané dèkné terus nang nggoné Imam Gedé njaluk layang pangwasa sing arep diduduhké marang pengarepé sinaguk-sinaguk nang kuta Damaskus. Dadiné nèk nang kuta kuwi ènèng wong sing mèlu “Golongan Anyar,” yakuwi dalané Gusti Yésus, Saulus bisa nyekel wong-wong mau digawa nang Yérusalèm, ora perduli lanang apa wédok.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan njaluk layang pangwasa sing arep digawa menyang sinaguk-sinaguk ing Damaskus, supaya yèn nemoni wong lanang utawa wong wadon sing pada ngetutké Dalané Gusti, terus kena dityekel lan digawa menyang Yérusalèm.