Acts 9:24 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging sedya kang ala iku kaweruhan dening Saulus. Rina wengi wong Yahudi padha jaga ing saketheng-sakethenging kutha, supaya bisa mateni Saulus.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging Saulus ngerti kekarepané wong-wong mau. Awan-wengi wong-wong pada njaga lawang-lawangé kuta arep matèni Saulus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging karep sing ala kuwi diweruh karo Saulus. Awan wengi wong Ju pada jaga ing gapura-gapurané kuta, supaya bisa matèni Saulus.