Amos 1:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal mutung slaraking gapurane Damsyik, sarta numpes wong isine Bikeat-Awen, dalah kang nyekel tekening karajan ing Bet-Eden; apadene bangsa Aram bakal katundhung menyang Kir kaya wong buwangan,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal nugel sloroké gapurané Damaskus, lan matèni wong isiné Bikeat-Awen, uga sing nyekel tekené kraton ing Bèt-Eden; uga bangsa Aram bakal ditundung menyang Kir kaya wong buwangan,” mengkono tembungé GUSTI.