Amos 5:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengane kang wus nitahake lintang Wuluh lan lintang Waluku, kang ndadekake pepeteng dadi bangun esuk, sarta kang ndadekake awan dadi peteng kaya bengi; Panjenengane kang nimbali banyu sagara, lan ngesokake iku marang ing lumahing bumi, iku asmane kasebut Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané sing wis nggawé lintang-lintangé Wuluh lan lintang-lintangé Luku, sing ndadèkké pepeteng dadi ésuk mruput, lan sing ndadèkké awan dadi peteng kaya mbengi; Panjenengané sing nyeluk banyu segara, lan ngesokké kuwi marang ing nduwuré bumi, kuwi asmané disebut GUSTI.