Colossians 2:1 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Amarga karepku, supaya kowe padha sumurupa, sapira abote perang kang daktindakake kanggo kowe lan para wong kang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapa bae kang durung tau weruh marang pribadiku tata lair,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, apa ta jalarané enggonku nyambutgawé sak kuwatku nglabuhi kowé sing nang Kolosé, uga sedulur-sedulurku sing nang Laodiséa lan sedulur-sedulur liyané sing durung tau kepetuk aku?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit karepku, supaya kowé pada weruh, sepira gedéné kangèlanku sing tak alami kanggo kowé lan para wong ing Laodikia, lan ya kanggo sapa waé sing durung tau ngerti marang pribadiku,