Colossians 2:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
marga ana ing Panjenengane kowe padha ndherek kakubur sarana baptis, lan ana ing Panjenengane ndherek katangekake dening pracayamu marang panguwasa pakaryane Gusti Allah, kang wus ngwungokake Panjenengane saka antarane wong mati.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sak barengé kowé dibaptis ing banyu, kowé katut kakubur karo Kristus lan uga ditangèkké menèh ing urip anyar, kaya enggoné Gusti Allah nangèké Kristus sangka pati. Kowé saiki nglakoni urip anyar, jalaran kowé pretyaya nèk Gusti Allah bisa medot kowé sangka pangwasané ala, kaya enggoné Gusti Allah bisa nangèké Kristus sangka pati.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
awit ing Panjenengané kowé pada mèlu dikubur karo baptisan, lan ing Panjenengané mèlu ditangèkké uga lantaran pertyayamu marang penggawéané kuwasané Gusti Allah, sing wis nangèkké Panjenengané sangka antarané wong mati.