Colossians 2:23 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pranatan-pranatan mau sanadyan ing semu kebak isi kawicaksanan, nganggo pangibadah rerekane dhewe, kayata: andhap-asor, nyiksa-awak, iku ora ana paedahe kajaba mung kanggo pamareming urip kadonyan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Pantyèn, nèk disawang barang kaya ngono kuwi kétoké ya sesembahan sing apik déwé, kayadéné nyembah marang mulékat, andap-asor sing kliwat lumrah lan ngajar awaké déwé. Nanging sakjané ora ènèng perluné blas, malah namung marakké sombong.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pernatan-pernatan mau senajan kétoké kebak kawityaksanan, nganggo pangabekti rerékané déwé, kayata: andap asor, nyiksa-badan, kuwi ora ana paédahé kejaba mung kanggo kemaremané urip kedagingan.