Daniel 10:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia, ana pangandika kang kawedharake marang Sang Dhaniel kang asma Beltsazar; pangandika iku sanyata lan mratelakake bab karubedan kang gedhe. Panjenengane mangretos marang pangandika mau sarta migatosake marang wahyu iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing taun sing kaping telu pepréntahané Korèsy, ratu ing Pèrsia, ana tembungé sing digelar marang Danièl sing asma Bèlsasar; tembungé kuwi tenan lan ngomongké bab kangèlan sing gedé. Panjenengané ngerti marang tembungé mau lan nggatèkké marang wahyu kuwi.