Daniel 11:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse sawatara taun sakarone nuli padha sekuthon: putra putrine raja nagara Kidul bakal nekani ratu ing nagara Lor lan padha nganakake prajanjian, nanging putri mau ora bakal lestari kadunungan pangwasa kang gedhe, uga turune ora bisa lestari: putri mau bakal diulungake dalasan para kang ngiringake, anak kang dilairake lan wong kang ngrabeni.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé taun kuwi loro-loroné terus pada komplotan: anak-anaké wadon ratu negara Kidul bakal nekani ratu negara lor lan pada nganakké perjanjian, nanging anaké wadon mau ora bakal tetep kanggonan pangwasa sing gedé, uga turunané ora bisa tetep: anaké wadon mau bakal dipasrahké uga para sing ngetutké, anak sing dilairké lan wong sing ngrabi.