Daniel 12:1 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Ing waktu kuwi uga Mikaèl, pemimpin gedé kuwi, bakal teka ngamping-ngampingi turunané bangsamu. Bakal ana waktu kangèlan sing gedé, sing durung tau kelakon wiwit anané bangsa-bangsa nganti tekan ing waktu kuwi. Nanging waktu kuwi bangsamu bakal bisa utyul, ya sapa sing jenengé ketulis ing Kitab kuwi.