Daniel 2:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Unjuk wangsulane para wong Kasdim mau marang Sang Prabu: “Boten wonten tiyang satunggal kemawon ing salumahing bumi ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun gusti kawula Sang Prabu! Saha boten nate wonten ratu, ingkang sanadyan kadospundi kemawon agungipun saha agenging pangwaosipun mundhut ingkang makaten punika dhateng satunggaling sarjana, juru gendam utawi satunggaling tiyang Kasdim.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembung semauré para wong Kasdim mau marang ratu: “Ora ana wong siji waé ing sak lumahé bumi sing bisa ngekèki weruh bab penjaluké ratu! Lan ora tau ana ratu, sing senajan kepriyé waé gedéné lan gedé pangwasané njaluk sing mengkéné kuwi marang salah sijiné wong pinter, tukang ngramal utawa salah sijiné wong Kasdim.