Daniel 2:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit saka iku Dhaniel banjur nemoni Sang Ariokh, kang wus kaparingan dhawuh dening Sang Prabu supaya nyirnakake para wong wicaksana ing Babil; nuli mangkat lan matur mangkene: “Para tiyang wicaksana ing Babil punika sampun ngantos panjenengan sirnakaken! Panjenengan kula aturi nyowanaken kula dhateng ing ngarsanipun Sang Prabu, mangke kula badhe ngunjukaken maknanipun dhumateng Sanga Prabu!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka kuwi Danièl terus nemoni Ariok, sing wis dikèki préntah karo ratu supaya ngentèkké para wong wityaksana ing Babèl; terus budal lan ngomong mengkéné: “Para wong wityaksana ing Babèl kuwi aja nganti sampéyan entèkké! Sampéyan kula njaluk ngeterké kula ing ngarepé ratu, mengko kula bakal ngomongké tegesé ngimpiné marang ratu!”