Daniel 2:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhaniel banjur enggal-enggal kasowanake dening Sang Ariokh marang ing ngarsane Sang Prabu sarta tumuli dianjukake marang Sang Prabu mangkene: “Abdi dalem kawula sampun manggih satunggaling tiyang panunggilanipun tiyang boyongan saking tanah Yehuda, ingkang saged ngunjuki uninga dhumateng Sang Prabu bab maknanipun.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Danièl terus gelis-gelis diadepké karo Ariok ing ngarepé ratu lan terus ngomong marang ratu mengkéné: “Abdimu wis olèh salah sijiné wong tunggalé wong boyongan sangka negara Yéhuda, sing bisa ngekèki weruh marang ratu bab tegesé ngimpiné.”