Daniel 2:28 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mung ing swarga ana Gusti Allah sing bisa mbukak wewadi-wewadi; Panjenengané wis ngekèki ngerti marang ratu kula Nebukadnésar bab apa sing bakal kedadian ing dina-dina sing bakal teka. Malah impèn lan wahyu-wahyu sing diweruh karo ratu ing ambèn kuwi mengkéné: