Daniel 2:38 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
saha ingkang astanipun sampun kapasrahan dening Panjenenganipun, anak-anaking manungsa ing pundi-pundi panggenan, kewan-kewan ing ara-ara tuwin peksi-peksi ing awang-awang, saha ingkang kajumenenganken dados ingkang nguwaosi punika wau sadaya -- inggih gusti kawula punika ingkang jumeneng sesirah kencana wau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan sing tangané wis dipasrahi karo Panjenengané, anak-anaké manungsa ing endi-endi panggonan, kéwan-kéwan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang lan sing dipilih dadi sing ngwasani kuwi mau kabèh, ya ratu kuwi sing dadi sesirahé emas mau.