Daniel 3:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati lan para mentrining Sang Prabu padha nglempak sarta padha nguningani, yen sarirane priyagung iku padha ora mempan ing geni iku tuwin rema ing mastakane ora geseng, ageme jubah ora apa-apa, malah mambet geni bae padha ora.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para wakil ratu, para sing nggawa pangwasa, para bupati lan para mentriné pada nglumpuk lan pada weruh, yèn wong-wong kuwi pada ora mempan karo geni kuwi lan rambut ing sirahé ora gosong, sandangané jubah ora apa-apa, malah mambu geni waé ora.