Daniel 4:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lang maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé iki miturut putusané sing pada njaga lan bab iki miturut tembungé para sutyi, supaya para wong sing urip ngertia, yèn sing Mahaluhur kuwi ngwasani kratoné manungsa lan ngekèkké kraton kuwi marang sapa sing dikarepké, malah senajan wong sing asor déwé bisa dikèki lungguhan kuwi karo Panjenengané.