Daniel 4:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iya iku supena kang wus ingsun tampi, ingsun, Prabu Nebukadnezar; saikine sira, Beltsazar, ngunjukna maknane marang ingsun, amarga sakehing wong wicaksana ing karajaningsun padha ora bisa ngunjukake maknane marang ingsun; nanging sira kang bisa, awit sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya kuwi impèn sing wis aku tampa, aku, Nebukadnésar; saiki kowé, Bèlsasar, dunungna tegesé marang aku, awit kabèh wong wityaksana ing kratonku pada ora bisa ndunungné tegesé marang aku; nanging kowé sing bisa, awit kowé kuwi kebak karo rohé para déwa sing sutyi!”