Daniel 4:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wondene ingkang kapirsanan dening gusti kawula, inggih punika satunggaling tiyang jagi, tiyang ingkang suci, ingkang tumurun saking langit kalayan nguwuh-uwuh: Wit iki tegoren lan patenana, nanging tunggake cikben kari tumanceb ing lemah, katalenan ing rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, lan cikben katelesan ing ebuning langit lan oleh panduman bebarengan karo kewan-kewan ing ara-ara, anggone mangkono iku nganti pitung mangsa lawase --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Malah sing diweruh karo ratu, ya kuwi salah sijiné sing njaga, wong sing sutyi, sing mudun sangka langit karo mbengok: Wit iki tegoren lan patènana, nanging tunggaké bèn kèri mantyep ing lemah, ketalènan karo ranté wesi lan tembaga ing suketan sing seger ing ara-ara lan bèn ketelesan karo ebuné langit lan olèh panduman bebarengan karo kéwan-kéwan ing ara-ara, enggoné mengkono kuwi nganti pitung mangsa suwéné,