Daniel 4:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
gusti kawula badhe katundhung saking ing antawisipun manungsa saha gusti kawula badhe dedalem wonten ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; gusti kawula badhe kaparingan dhahar rumput, kadosdene lembu sarta gusti kawula badhe katelesan ing ebuning langit; saha gusti kawula nandhang makaten punika ngantos pitung mangsa, ngantos gusti kawula ngakeni, bilih Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged maringaken karajan wau dhateng sinten ingkang dipun karsakaken.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ratu bakal ditundung sangka antarané manungsa lan ratu bakal manggon ing sak tengahé kéwan-kéwan ing ara-ara; ratu bakal dikèki mangan suket, kaya sapi lan ratu bakal ketelesan karo ebuné langit; lan ratu ngalami mengkéné kuwi nganti pitung mangsa, nganti ratu ngakoni, yèn sing Mahaluhur kuwi ngwasani kratoné manungsa lan bisa ngekèkké kraton iki marang sapa sing dikarepké.