Daniel 4:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes -- bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka kuwi, duh ratu, supaya tembung piyé apiké kula kuwi ndadèkké ing senengé pikirané bendara kula: bendara kula supaya gelem ngilangi dosa karo tyara nindakké keadilan lan ngilangi kesalahan karo tyara ngekèki kawelasan marang wong sing ditindes; menawa keslametané bendara kula bakal dilestarèkké!”