Daniel 4:32 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
sira bakal katundhung saka ing antarane manungsa sarta bakal dedunung ana ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; sira bakal kaparingan pangan suket kayadene sapi, lan iku bakal tumanduk marang sira lawase pitung mangsa, nganti sira ngakoni, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan saged maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
kowé bakal ditundung sangka antarané manungsa lan bakal manggon ing sak tengahé kéwan-kéwan ing ara-ara; kowé bakal dikèki pangan suket kaya sapi lan kuwi bakal kedadian marang kowé suwéné pitung mangsa, nganti kowé ngakoni, yèn sing Mahaluhur kuwi ngwasani kratoné manungsa lan bisa ngekèkké kraton kuwi marang sapa sing dikarepké!”