Daniel 4:36 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika akal-budiningsun bali marang ingsun, kaluhuran lan kamulyaningsun uga bali marang ingsun, ndedakake misuwuring karajaningsun. Para mentriningsun lan abdiningsun para panggedhe padha methuk marang ingsun; ingsun kawangsulake marang ing karajaningsun, malah ingsun banjur tampi kaluhuran kang ngungkuli kang wus kapungkur.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu pikiranku bali marang aku, kaluhuran lan kamulyanku uga bali marang aku, ndadèkké luhuré kratonku. Para mentriku lan abdiku, para penggedéné pada metuk marang aku; aku dibalèké ing kratonku, malah aku terus nampa kaluhuran sing ngungkuli sing wis kepungkur.