Daniel 5:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Piyambaké ditundung sangka antarané manungsa lan pikirané dadi pada karo pikirané kéwan, lan manggon ing sak tengahé kimar alasan; piyambaké dikèki mangan suket kaya sapi lan dèkné déwé ketelesan karo ebuné langit nganti piyambaké ngakoni, yèn Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi ngwasani kratoné manungsa lan bisa ngangkat sapa sing dikarepké ing jagongan kuwi.