Daniel 6:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Dhaniel mireng, manawa prentah iku wus kadamel, banjur kondur menyang ing daleme. Ing panggunging daleme ana cendhelane menga madhep ing keblate kutha Yerusalem; sadina ping telu anggone sujud jengkeng, ndedonga lan memuji marang Allahe, kayadene adat kang ditindakake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Danièl krungu, yèn préntah kuwi wis digawé, terus mulih menyang omahé. Ing panggungé omahé ana jendélané menga madep ing kéblaté kuta Yérusalèm; sedina kaping telu enggoné sujut nyembah, ndedonga lan memuji marang Gusti Allahé, kaya adat sing ditindakké.