Daniel 6:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para priyayi mau banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, mugi kauningana, bilih manut angger-anggeripun bangsa Medhia saha Persia boten wonten awisan utawi kekancingan ingkang kaundhangaken dening Sang Prabu, ingkang kenging kaewahan!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para wong mau terus pada gembruduk nemoni marang ratuné lan ngomong: “Duh ratu, supaya ngertènana, yèn miturut angger-anggeré bangsa Média lan Pèrsia ora ana larangan utawa putusan sing dikabarké karo ratu, sing kenèng diowahi!”