Daniel 6:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh penggedé ing kraton kuwi, para sing nyekel pangwasa lan para wakil ratu, para mentri lan bupati wis pada bebarengan, supaya anaa putusan sing dikabarké lan anaa putusan larangan, supaya sapa sing sak njeruhné telung puluh dina nduwé penjaluk marang salah sijiné déwa utawa manungsa, ora marang sampéyan ratu, kuwi bakal dityemplungké ing guwané singa.