Daniel 7:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono pemrintahan, pangwasa lan kamulyané kraton-kraton ing sak ngisoré sak ubengé langit bakal dikèkké marang para wong sutyi, umat duwèké sing Mahaluhur; pemrintahané iki pemrintahan sing langgeng lan kabèh pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para sutyi mau.