Daniel 8:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan marga saka julige, anggone ngengapusi bakal oleh gawe. Sateruse banjur bakal dadi gumunggung, lan ora kanyana-nyana akeh wong kang dumadakan disirnakake; uga bakal nglawan Ratuning para ratu. Nanging tanpa katandangan tanganing manungsa, bakal kalebur.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka pinteré sing ngakali, enggoné ngapusi bakal olèh gawé. Sak terusé bakal dadi gemunggung lan ora kenyana-nyana okèh wong sing dadakan dientèkké; uga bakal nglawan ratuné para ratu. Nanging tanpa ditandangi karo tangané manungsa, bakal dilebur.