Daniel 8:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku sumurup anggone nyedaki wedhus gembel lanang iku; marga saka nepsune wedhus gembel lanang mau banjur dibijig, sungune loro pisan dipokah; wedhuse gembel lanang iku ora duwe kakuwatan kanggo nanggulangi, malah banjur dibanting ing bumi, diidak-idak, lan ora ana kang nguwalake wedhus gembel lanang iku saka pangwasane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku weruh enggoné nyedaki wedus gèmbèl lanang kuwi; awit sangka nesuné wedus gèmbèl lanang terus disundang, sunguné loro pisan tugel; wedusé gèmbèl lanang kuwi ora nduwé kekuwatan kanggo ngadepi, malah terus dibanting ing bumi, diidak-idak lan ora ana sing nylametaké wedus gèmbèl lanang kuwi sangka pangwasané.