Daniel 9:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Punapadene Panjenenganipun sampun netepi pangandikanipun, ingkang kaparingaken tumrap kawula sadaya saha tumrap para ingkang sami sampun ngereh kawula sadaya, inggih punika bilih Panjenenganipun badhe ndhawahaken bilai ingkang ageng dhateng kawula sadaya, ingkang dereng nate kalampahan wonten ing sagandhaping langit sadaya, kados ingkang sampun kalampahan wonten ing Yerusalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga Panjenengané wis netepi tembungé, sing dikèkké kanggo kita lan kanggo para sing pada wis mréntah kita, ya kuwi yèn Panjenengané bakal nibakké tyilaka sing gedé marang kita, sing durung tau kedadian ing sak ngisoré langit kabèh, kaya sing wis kedadian ing Yérusalèm.