Daniel 9:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kadosdene ingkang kaseratan wonten ing Kitab Toretipun Nabi Musa; bilai punika sadaya sampun tumempuh dhateng kawula sadaya, dene kawula boten sami nyuwun sih-piwelasing Sang Yehuwah, Allah kawula, kanthi patrap nilar sakathahing kalepatan kawula sadaya saha migatosaken dhateng kaleresan ingkang saking Paduka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kaya sing ketulis ing Torèté Moses; tyilaka kuwi kabèh wis nibani marang kita, nanging kita ora pada njaluk kawelasan marang GUSTI, Gusti Allah kita, karo tyara ninggalké kabèh kesalahan kita lan nggatèkké marang kabeneran sangka Panjenengan.

Recommended Reading