Daniel 9:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Duh, Gusti Allah kula, supaya gelem mbukakké kuping lan ngrungokké, supaya mripat Panjenengan gelem nggatèkké lan gelem weruh, karusakan kita lan kuta sing disebut nganggo asma Panjenengan; malah enggèn kita pada ngunggahké pandonga kita ing ngarepé Panjenengan kuwi ora karo kabetyikan kita, nanging landesan katrésnan Panjenengan sing lubèr.