Daniel 9:26 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé suwidak loro kaping pitung mangsa kuwi, sing wis dijebatani mau bakal disingkirké, nanging ora ana kesalahané apa-apa. Kuta lan griya sutyi bakal dientèkké karo balané sijiné ratu sing bakal teka, nanging ratu mau bakal mati kebanjiran; lan menèh nganti tekan ing pungkasané jaman bakal ana peperangan lan karusakan, tyotyok karo apa sing wis ditetepaké.