Deuteronomy 15:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Saupama ana sadulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon kang ngedol awake marang kowe, iku anggone ngenger marang kowe nganti nem taun lawase, nanging ing taun kaping pitune lilanana mardika.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Yèn ana sedulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon sing ngedol awaké marang kowé, kuwi enggoné kerja marang kowé nganti nem taun suwéné, nanging ing taun kaping pitu lilanana merdéka.