Deuteronomy 2:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kawula mugi kalilana medal nglangkungi nagari dalem. Lampah kawula namung badhe nurut margi ageng kemawon, boten mawi nyimpang mangiwa utawi manengen;
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kula supaya dililani metu ngliwati negara sampéyan. Mlaku kula mung bakal nuruti dalan gedé waé, ora nganggo nyimpang ngiwa utawa nengen;