Deuteronomy 2:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit GUSTI, Gusti Allahmu, mberkahi kowé ing sembarang gawèané tanganmu. Gusti wis ngayomi nglemboramu ing ara-ara samun sing jembar kuwi. Selawasé patang puluh taun iki GUSTI, Gusti Allahmu tansah nunggal karo kowé, nganti kowé ora nganti pada kekurangan apa-apa.