Deuteronomy 20:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saupama anggonmu merangi sawijining kutha nganti suwe anggonmu ngepung arep kokrebut, wit-witan ing saubenge kutha aja kokrusak srana koktamani wadung; wohe kena kokpangan, nanging wite aja koktegori; wit-witan ing ara-ara iku rak dudu manungsa, dadi ora patut melu kokkepung.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn enggonmu merangi sakwijiné kuta nganti suwé enggonmu ngepung arep kok rebut, wit-witan ing sak ubengé kuta aja kok rusak karo kok ketoki nganggo kampak; wohé kena kok pangan, nanging wité aja kok tegori; wit-witan ing ara-ara kuwi duduk manungsa, dadi ora apik mèlu kok kepung.