Deuteronomy 24:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ana wong konangan nyolong tunggalané seduluré, ya kuwi wong Israèl, terus dikwasani kaya batur tukon utawa didol, wong sing nyolong kuwi diukum pati. Kaya mengkono enggonmu nyingkirké sing ala sangka tengahmu.