Deuteronomy 26:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Milanipun ing samangke kawula nyaosaken wiwitaning pamedalipun siti peparing Paduka dhateng kawula punika, dhuh Yehuwah. Sawuse mangkono sesaosanmu mau selehna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan kowe banjur sujuda ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané ing saiki kita masrahaké wiwitané pametuné lemah pawèhé Panjenengan marang kita iki, duh GUSTI. Sakwisé mengkono kurbanmu mau sèlèhna ing ngarepé GUSTI, Gusti Allahmu, lan kowé terus sujuta ing ngarepé GUSTI, Gusti Allahmu.