Deuteronomy 26:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kowe banjur munjuka ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu: Pisungsung sengkeran punika sampun kawula pindhah saking griya kawula, sarta inggih sampun kawula tampekaken dhateng tiyang Lewi, dhateng tiyang ngamanca saha dhateng lare lola tuwin randha, ngetrepi pepaken ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng kawula. Pepaken Paduka boten wonten ingkang kelangkungan utawi ingkang kawula supekaken.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé terus ngomonga ing ngarepé GUSTI, Gusti Allahmu: Pisungsung sutyi iki wis kula elih sangka omah kula, lan ya wis kula pasrahaké marang wong Lévi, marang wong mantya lan marang botyah lola lan randa, netepi pepakon sing wis Panjenengan préntahaké marang kula. Pepakon Panjenengan ora ana sing kliwatan utawa sing kula langkahi.