Deuteronomy 26:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sak njeruhné kula kasusahan, pisungsung sutyi iki ora ana sing kula pangan, ya ora ana sing kula singkirké sak njeruhné kula najis, lan uga ora ana sing kula kèkké kanggo keperluané wong mati. Kula wis mbangun turut préntahé GUSTI, Gusti Allah kula, lan nandangi samubarang sing Panjenengan préntahaké marang kula.