Deuteronomy 26:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur sebaa marang ngarsane imam kang jumeneng ing wektu iku, sarta matura mangkene: Ing dinten punika kula ngaturi uninga wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, bilih kula sampun lumebet ing nagari ingkang sampun dipun prasetyakaken dening Sang Yehuwah klayan supaos dhateng para leluhur kula, yen badhe dipun paringaken dhateng kita.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ngadepa marang ngarepé imam sing ngadek ing waktu kuwi, lan ngomonga mengkéné: Ing dina iki kula ngekèki ngerti ing ngarepé GUSTI, Gusti Allah sampéyan, yèn kula wis mlebu ing negara sing wis dijanjèkké karo GUSTI karo sumpah marang para leluhur kula, yèn bakal dikèkké marang kita.