Deuteronomy 3:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mung Og, ratu ing Basan, kuwi sing ijik slamet sangka antarané turahé wong Réfaim; nanging ambèné kuwi ambèn wesi; kuwi ijik ing Raba ing panggonané wong turunané Amon! Dawané sangang éluh, lan ambané patang éluh, miturut ukurané éluh sing lumrah.