Deuteronomy 3:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan ing nalika iku Yusak dakprentahi mangkene: Mripatmu dhewe wus ndeleng sabarang kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang ratu loro iku; kaya mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nandukake marang sakehe karajan kang bakal koklurugi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan ing waktu kuwi Yosua tak préntahi mengkéné: ‘Mripatmu déwé wis weruh sembarang sing wis ditindakké karo GUSTI, Gusti Allahmu marang ratu loro kuwi; kaya mengkono uga GUSTI ya bakal nindakké marang sakkèhé kraton sing bakal kok luruki.