Deuteronomy 30:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara,sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
awit ing dina iki aku préntah marang kowé, supaya kowé trésna marang GUSTI, Gusti Allahmu, lan mlakua ing dalan sing diduduhké, uga netepana ing pepakoné lan katetepan lan perjanjiané, supaya kowé tetep urip lan tangkar-tumangkara, lan diberkahana karo GUSTI, Gusti Allahmu, ing negara sing kok parani lan bakal kok enggoni.