Deuteronomy 31:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit Aku bakal nuntun mlakuné mlebu ing negara sing wis Tak janjèkké karo sumpah marang para leluhuré, ya kuwi negara sing lubèr mèlek lan madu; nanging yèn wis pada mangan nganti warek lan dadi lemu, terus bakal pada marani allah liyané, lan ngabekti marang kuwi. Aku bakal disepèlèkké lan perjanjian-Ku disélaki.